Lagi demen karo blog-blogan
Akhir-akhir kiye enyong kayong lagi kecanduan karo sing arane blog. Soale nang presbuk wis rada bosen. Barang weruh blog-blog sing apik-apik enyong dadi pengen ngerti. Akhire enyong akeh takon karo sedulur-sedulur bloger pimen carane eben bloge enyong katon tambah apik. Tapi wong arane be blajaran... dadi nang kana-kene esih ake sing kurang.Tapi rasa penasarane enyong luwih gede dadi esih pengin blajar maning. Enyong luwih seneng maning angger sedulur sing maca bloge enyong ngain komentar, saran, kritik, lan ilmu-ilmune kanggo berbagi karo enyong sing esih bodo.